Selasa, 24 November 2009

Filem-filem karangane wong Jowo






1. Enemy at the gates = Musuhe Wis Tekan Gapuro

2. Batman Forever = Ngembat Saklawase

3. Die Hard = Matine Angel

4. Die Hard II = Matine Angel Tenan

5. Die Hard III With A Vengeance = Kowe Kok Ra Mati2 To?

6. Bad Boys = Arek-arek Uelek-elek

7. Sleepless in Seattle = Kethap-kethop ning Seattle

8. Lost in Space = Ketlisut Neng Awang-awang

9. X-Men = Wong Lanang Porno

10. X-Men 2 = Wong Lanang Porno Tenan

11. Cheaper by Dozen = Tumbas Selusin Langkung Mirah

12. Paycheck = Kasbon

13. Independence Day = Agustusan

14. The Day After Tomorrow = Sesuk-sesuk Wae Yo?

15. Die Another Day = Modare Ojo Saiki

16. Silence of the Lamb = Wedhuse Mutung

17. All The Pretty Horses = Jarane Ayu2

18. Planet of the Apes = Planete Wong Apes

19. Gone in Sixty Second = Minggat Sak Cepete

20. Original Sin = Dosa Tenanan

21. Mummy Returns = Mami-mami podo Mudik

22. The Abyss = Entek-entekan

23. Terminator = Terminal Montor

24. How To Lose A Guy in 10 Days = Piye Carane Megat Lanangan mung 10 Dino

25. Lord Of The Ring = Bakul Akik

26. Deep Impact = Ngantem Njero

27. Million Dollar Baby = Bayek Regone Sakyuto

28. Blackhawk Down = Manuk ireng kenek bedhil

29. Saving Private Ryan = Ngelesi privat mas Rian

Jumat, 30 Oktober 2009

Arek Elek dan Piala Dunia 2020



Bar ndelok berita ndek tipi maeng isuk, Arek Elek maleh mikir. Yo’opo yo nek Indonesia dadi tuan rumah piala dunia 2020?

Weh..kueren..!

Bakalan akeh pemain sing ngganteng-ngganteng sing dolan mrene. Cuwit..cuwit..sopo ngerti onok sing katut siji. Kan lumayan. Weh, desoku dijamin geger lek salah siji wargane sing paling elek iso oleh bule. Hehehehe..:P

Selain iku arek elek yo nduwe rencana B gawe nglamar dadi anak gawang, lek gak berhasil nglamar anake orang..:P Kan lumayan. Paling nggak tau nyekel bal sing disaduk wong terkenal.

Berarti mulai saiki Arek Elek kudu nyideki wong-wong sing nduwe stadion ben pas taun 2020 wong-wong iku gak usah mikr dowo gawe ngrekrut Arek Elek.

Tapi, iki artine Arek Elek bakalan sering banget mbolos kerjo. Gawe ndelok pertandingane. Gak popolah, wong atase petang tau pisan ae kok. Paling-paling wong-wong yo podho bingung ndelok pisan. Penggawean foto kopi ambek ngetik-ngetikan mesthi berkurang.

Terus arek elek mulai nabung tekan saiki. Ben isok tuku tikete. Otomatis kan tikete luarang iku. Gak mungkin gaji sebagai tukang ketik ambek fotokopi nyukupi gawe tuku.

Tapi Arek Elek duwe ide. Nek misale Arek Elek gak berhasil oleh duwit, Arek Elek kate dodolan asesoris ae ndek stadion. Ambek mbukak usaha tambal ban. Lha..engkok lek pas mobile pemain negoro sing disenengi Arek Elek liwat, ndang diuncalne ae pakune nang sengarepe mobile negoro sing ngemot pemain iku. Lha, berhubung ndek sekitar stadion gak mungkin onok tukang tambal ban, arek elek-lah penyelamate. Wes, lek ngunu onok kemungkinan arek elek dijak mlebu dijak nonton bareng. Hehehehehe…..:P

Berarti mulai saiki Arek Elek bakalan belajar nambal ban, gawe persiapan.

Rabu, 21 Oktober 2009

AREK ELEK KEMENYEK RODOK MBLETREK




Elek-elek ngene aku wes isok nggolek duit dewe. Penggaweanku dadi juru ketik ambek juru kongkon-kongkon ndhek sebuah perusahaan swasta sing terlalu bonapid gawe Arek Elek Kemenyek.

“Rek..iki tik-en..” Yo aku ngetik.

“Rek, iku fotokopien..” Yo aku fotokopi.

“Rek,iki maemen..” Wah lek iku prentahe, gak usah dikongkon wes tak maem langsung. Tak entekne.

“Rek, mbok yo dandan sing ayu. Koyok si Lulu Ayu Gak Seneng Ngguyu Sampek Sirahe Dirubung Mrutu, iko loh..”

Waduh..lek wis dikongkon ngene, iki hal sing paling gak isok dilakukan Arek Elek Kemenyek. Lha yo’opo carane dadi ayu, wong Arek Elek ae wis cukup kemenyek ambek ke-elek-annya kok, ndahneyo dadi ayu, opo gak tambah kemenyek Arek Elek iku.. Kan yo gak apik talah ngunu iku..

“Rek..rek..mbok yo ganti klambi po’o..Mosok klambi kaet mbiyen iku-iku ae..”

Prentah sing mokal maneh iki. Timbangane duwit tak tukokne klambi kan mending tak tukokno martabak, utowo tahu brontak, kan luweh penak. Lagian klambi aku mek nduwe telung pasang, gawe nem ndino. Clono jins mek siji. Gawe seminggu. Ngumbahe seminggu pisan. Lha piye Arek Elek gak gatel-gatel..:P Gak lah, elek-elek ngene Arek Elek gak tau gatelen, opo maneh biduren. Lek masalah clono seminggu ganti iku tak pikir gak usah diherani-lah. Akeh yoan wong sing ngunu. Saking ae wong-wong sing ndhek nggen kerjoanku nyaingi Arek Elek tingkat ke-kemenyek-ane. Luwih seneng nyandang timbangane mangan. Salah kaprah kan? :P

~Arek Elek Kemenyek~

Kamis, 15 Oktober 2009

Tentang Arek Elek


Aku ngerti, akeh sing penasaran ambek aku. Wes, ndang disemak critoku ngisor iku..


Sakjok aku lair, aku nduwe beberapa kelebihan sing gak di nduweni ambek wong liyo. Siji, sirahku gede. Mbiyen bapakku sampek kuwatir, ojok-ojok aku kenek hidrosempalus, tapi untung ae ogak. Alhamdulillah. Nomer loro, aku keluwihan pipi. Bukan berarti pipiku kabehe limo utowo yo’opo, pipiku tetep loro. Kiwo tengen. Masalahae pipiku njuemblem. Koyok bakpao. Mbiyen pas aku duwe hape Motorolla C155 sing bentuke koyok Doremon kui, jare arek-arek iku cuocok ambek aku. Jarene ngene, “Yow is koyok ngunu iku awakmu. Lemu gak karuan.” Peh..jan kurang ajar arek-arek iku. Elek-elek ngene aku ngrejekeni yo.. Wes, cukup iku kelebihanku. Gak tak sebutno kabeh pancen. Wedi lek sing moco iri karo aku, terus aku diuber-uber, isok repot dewe aku engkok.


Aku iki, masyo elek-elek njembek’I, tapi asline aku puinter boso enggres sampek nggunakne konci enggres. Saking ae yo niat gak tak pamerne ndhek kene. Aku wedi lek kengrejekianku berkurang, gara-gara dadi wong sing pameran. Terus, masiyo aku iki elek-elek nggilani ngene, tapi aku nduwe kepinginan dadi bojone Asrap Sinckler sing ngganthenge pitung turunan iku. Masiyo de’e wis nikah ambek BECEK’EL(EK), aku dadi istri kedune yo gak popo, dadi asisten pribadine yo gak popo, dadi sembarange yo gak popo, sing penting isok cedhek mbendino ambek de’e iku ae aku wes seneng. Lha gara-garae si BECEK’EL(EK) tingkat ke-elek-ane luwih parah tekan aku, se..Mangkane de’e sing dipilih Asrap Sinkler. Wis, ancene pepatah, wong ngganteng iku bakal oleh wong elek pancen bener. Kok rupaku luwih elek titik ae tekan BECEK’EL(EK), pasti aku wis menikah jaya raya ambek Asrap Sinkler iku. Tapi terus aku menyimpulkan sesuatu, berarti engkok aku bakal oleh jodho sing tingkat kenggantengane sak crit nisore Asrap, soale tingkat ke-elek-an ku sak crit nisore BECEK’EL(EK). Masiyo gak ngganteng pitung turunan, tapi lak ngganteng a. Rejekine dadi wong elek pancen.

Wes cukup ngunu ae perkenalanku. Semakin akeh ke-elek-an sing tak bukak, semakin ngrejekeni aku engkok. Mesakne wong liyane sing sirik nang aku. Gak kumanan rejeki..:P

Wassalam.

~Arek Elek Kemenyek~

KAITAN





Hehehe… Sugeng rawuh dumateng blog’ipun Arek Elek Kemenyek, wong Jowo sing gak njawani blas.

Ehm… Enak’e crito opo yo?

O iyo, gawe edisi pertamaku, aku pengen cerito soal hal sing mbiyen-mbiyen.
Mbiyen, pas cilikanku, aku sueneng banget tuku jajan. Lha tapi mergo wong tuwekku mung guru, dadi aku gak tau dikek’I duwit gawe njajan. Melas banget yo? Tapi yo gak melas-melas banget kok. Soale masiyo aku gak tau njajan ciki-cikian, tapi pangananku enak-enak lan jenise akeh. Molai jemblem, gethuk lindri, tiwul, sawut, kaspe goreng, telo goreng, mbothe, uwi, emput, sentul, keres, arbei, ciplukan, sampek kembang nusa indah sing lek disesep rasane legi.
Lek sampean mbiyen, jajanane opo ae?

~Arek Elek Kemenyek~
 

Blog'e Arek Elek Kemenyek Copyright © 2009 Flower Garden is Designed by Ipietoon for Blogger Template Gallery Flower Image by Dapino