Elek-elek ngene aku wes isok nggolek duit dewe. Penggaweanku dadi juru ketik ambek juru kongkon-kongkon ndhek sebuah perusahaan swasta sing terlalu bonapid gawe Arek Elek Kemenyek.
“Rek..iki tik-en..” Yo aku ngetik.
“Rek, iku fotokopien..” Yo aku fotokopi.
“Rek,iki maemen..” Wah lek iku prentahe, gak usah dikongkon wes tak maem langsung. Tak entekne.
“Rek, mbok yo dandan sing ayu. Koyok si Lulu Ayu Gak Seneng Ngguyu Sampek Sirahe Dirubung Mrutu, iko loh..”
Waduh..lek wis dikongkon ngene, iki hal sing paling gak isok dilakukan Arek Elek Kemenyek. Lha yo’opo carane dadi ayu, wong Arek Elek ae wis cukup kemenyek ambek ke-elek-annya kok, ndahneyo dadi ayu, opo gak tambah kemenyek Arek Elek iku.. Kan yo gak apik talah ngunu iku..
“Rek..rek..mbok yo ganti klambi po’o..Mosok klambi kaet mbiyen iku-iku ae..”
Prentah sing mokal maneh iki. Timbangane duwit tak tukokne klambi kan mending tak tukokno martabak, utowo tahu brontak, kan luweh penak. Lagian klambi aku mek nduwe telung pasang, gawe nem ndino. Clono jins mek siji. Gawe seminggu. Ngumbahe seminggu pisan. Lha piye Arek Elek gak gatel-gatel..:P Gak lah, elek-elek ngene Arek Elek gak tau gatelen, opo maneh biduren. Lek masalah clono seminggu ganti iku tak pikir gak usah diherani-lah. Akeh yoan wong sing ngunu. Saking ae wong-wong sing ndhek nggen kerjoanku nyaingi Arek Elek tingkat ke-kemenyek-ane. Luwih seneng nyandang timbangane mangan. Salah kaprah kan? :P
~Arek Elek Kemenyek~
13 komentar:
ono ono ar postingane sampean kii hehehe
Ki blog kabeh bosone jowo ie?? po ra luwih apik2 boso suroboyo sisan (Suro & boyo)... btw sing duwe blog iki lanang po jhedok??? kok boso ro template ra mbegagik... wkwkwk... piss coy
Mantep... aku seneng gayamu... rupamu seng endi se.... (*rupamu=Raimu="Your Face"),he.....
@blogger pemula: yo mestilah.. jenenge ae arek elek, yo mesthi nduwe ide cemerlang gwe diposting..hehehe... *arek elek kumat kemenyek'e*
@myphone: iki wis boso suroboyoan, cak.. we..piye to.. *ups..salah* we...yo'opo se.. hehehe...
hehe..penasaran yo, karo arek elek? sek, tak ngitung dino ambek weton, kapan waktu seng tepat gawe mengungkap jati diri arek elek..wehehehe...:P
@noe2: tapi aku sing gak seneng gayamu...:P wehehehe...guyon Noe..gak oleh ngamuk..:D
apik postinganne rek tapi aku ra mudeng iki gur sitik sitik heheheheheh
celana ku 3 buat 3 minggu..hheee 2 hari ganti tapi buat tiga minggu....heheee
ga kalah kan ama yg elek elek
kalo baca tau artinya,,cm kalo ngomong
sepi rek..eh salah,,susah rek,,,
rek ayo rek mlaku malku nang kubangan....(joged mode on)
walah..
lak ngunu clono jins'e di sigar dadi loro ae..
tengen ambek kiwo..
dadi..
senen - kemis nggawe sbelah kanan..
trus..
jum'at - minggu nggawe sbelah kiwo..
hehe..
peace..
la endi poto ne gak dipajang
sak piro se elek e. wis elek tur lebus pisan wakakaka
makjoss, gak perlu kakean cangkem seng penting iso mangan, kenalan karo nyandang kan?
@asep canda: mangkane to..dadi wong elek ae ben mudheng..hehehe..:P
@mel: artine clana iku dingge 2xdalam seminggu, 8x dalam sebulan, masya Allah..Arek Elek kalah rek, kemprohe..:P
@alpicola: makane dolan mrene sing sering, ben gak sepi..:D
@fesoogle: weleh..malah njogad njoged mrene.. hish..hish... *Arek Elek melok njoged*
@antheree: ketoro lek wes pengalaman :P
@gajah pesing: mangkane to..kok mambu slenthang slentheng lha wong onok sing pesing-pesing ndek kene..:P *piss mase..:D*
yo'opo raimu ??
Posting Komentar
komen'o po'o rek..